꧁Universal Declaration of Human Rights - Javanese꧂
᭙ () Pranyatan Umum Ngênani Hak Hak Asasi (Umat) Manungså
( = )
( ) ᭥ ᭰ ()
Sabên umat manungså laír kanti hak hak kang pådå lan pinasti lan kanti kabêbasan kabêbasan íng bakuníng anggêr anggêr (wêwatón = undang undang).
Pêrsêrikatan Bångså Bångsa darbé komitmên (tékad nglaksanakaké maujudé janji lan kasaguhané) kanggo junjúng luhúr, nggrêngsêngaké
lan ngayómi hak hak asasi umat manungså marang sabên pribadi (individu).
ᨾ ᨾ ᭜ ᭜
Komítmên kasêbút ingayatan såkå Piagam Pêrsêrikatan Bångså Bångså kang nukúlaké kamantêpaníng kayakinan pårå bångså sakdonyå tumrap hak hak asasi umat manungså íng bakuníng paugêran sartå tumrap martabat lan ajiníng kamanungsan.
᭚ () ᭰ ᦿ
Íng Pranyatan Umúm ngênani Hak Hak (umat) Manungså, Pêrsêrikatan Bångså Bångså nandêsakê kanti têrwåcå lan prasåjå, hak hak kang dadi darbèké sabên uwóng kanti adíl. Hak hak kasêbút, nyåtå dadi darbèkmu kabèh.
᭙
Kabèh mau, iyå hakmu. Kênali lan pahamånå hak hak kasêbút. Supåyå kasêngkuyúng mbiwarakaké lan nglêstarèkaké kanggo paugêran diri pribadi sarta kanggo sapêpadané umat manungså liyané.
᭚ ()
-
Pranyatan Umúm Ngênani Hak Hak Asasi (Umat) Manungså Pambukå / Mukadimah
ᨾ ᨾ
MANIMBANG
manåwå ngakóni marang martabat alamiah sartå hak hak kang pådå lan pinasti íng sabên warganíng kulawargå umat manungså, mujúdaké landésaníng kamardikan, kaadilan sartå bêdamèníng donyå.
ᨾ ᭑ ᭼ ᭤ ᭙ ᭙ ᭜ ( )
MANIMBANG
manåwå nyingkúr lan nganggêp rèmèh hak hak umat manungså biså njalari tandang tanduk kasar lan wêngís kang nuwuhaké råså runtík atiné umat manungså, lan kabanguné donyå dadi papaníng umat manungså biså ngrasakaké lan ngalami nikmatíng bébas mêdar panêmu lan bébas ngrasuk agåmå sartå kalís såkå råså wêdi lan was sumêlang sarta uríp kacingkrangan, kapratèlakaké dadi pranyatan minångkå dadi gêgayuhan luhúr sakabèhíng umat manungså lumrah (kawulå alit).
᭙ᨾ ( ) ᭜ (᭻) ᨾ ᭑
MANIMBANG
manåwå hak hak umat manungså pêrlu antuk pangayoman kanti pranatan lan tatanan anggêr anggêr (undang undang), amríh sabên uwóng ora kêpêkså milíh nglawan (mbrontak) minångkå kupiyå kang pungkasan anggóné ngrékådåyå kanggo nglawan marang tindak daksiyå lan panjajahan.
᭦ ᨾ
MANIMBANG
manåwå mêkaríng pamêrdi panggulowêntahíng sambúng pamitran íng antaraníng pårå bångså sabên nêgårå pêrlu lan wigati dirêmbakakaké.
᭓ ᭜ ᭙ ᭰ ᭗ ᧂ ᭜
MANIMBANG
manåwå pårå bångså íng Pêrsêrikatan Bångså Bångså, íng sajroníng Piagam Pêrsêrikatan Bångså Bångså, wus pådå mratélakaké kanti tandês anggóné ngugêmi marang hak hak kang baku umat manungså, marang martabat lan ajiníng pribadiné umat, lan marang hak hak priyå lan wanitå kang sadrajat lan pådå, sartå wus gawé putusan bakal nyêngkuyúng majuníng sosial sartå ajiníng uríp amríh såyå luwíh bêcík, kanti kamardikan kang ombèr lan jêmbar têbané.
᭤ ᭰ ᨾ ᨾ ( )
MANIMBANG
manåwå Nêgårå Nêgårå Anggota wús ikrar lan prajanji bakal nggayúh kang såyå maju anggóné ngajèni lan ngúrmati ajiníng umúm marang hak hak asasi umat manungså sartå råså bébas kang asasi (kanti paugêran) íng ujudíng sambúng makaryå klawan Pêrsêrikatan Bångså Bångså.
ᨾ ᨾ
MANIMBANG
manåwå kanti manunggalíng pangêrtèn ngênani hak hak lan tumindak kanti bébas kasêbút, pêrlu bangêt, kanggo nglêksanani janji kanthi têmên, mulå,
᭚ ()
MAJÊLÍS UMÚM
mbiwarakaké
Pranyatan Umúm Ngênani Hak Hak Asasi (Umat) Manungså
ᨾ ᭧ () ᭚ ᨾ ᭑ ᭙᭥ ᩌ ᨾ ᨾ ( = )
minångkå sawijiníng paugêran umúm kanggo kasilíng gêgayuhan sabên bångså lan sabên nêgårå, déné kang katuju supåyå sabên uwóng lan sabên bêbadan íng satêngahíng bêbrayan (masyarakat), kanti tansah élíng lan ngugêmi Pranyatan iki, tansah mêrsudi ngadani panggulowêntah supåyå råså ngajèni lan ngúrmati hak hak sartå uríp bébas kasêbút såyå mêkar ngrêmbåkå. Sartå kanti rékå dåyå progrèsip kang asipat nasional lan intêrnasional, biså nanggúng wujudíng kasaguhan ngakóni lan anggóné asúng pakúrmatan kanti univêrsal lan èfèktif, iyå såkå bångså bångså íng Nagårå Nagårå Anggota, kalêbu bångså bångså íng laladan kang kabawah panguwasaníng anggêr anggêré (wêwatón = undang undang).
᭠ᨾ ᭦
BAB : 1
Sabên uwóng kalairaké kanti mardikå lan darbé martabat lan hak hak kang pådå. Kabèh pinaringan akal lan kalbu sartå kaajab pasrawungan anggóné mêmitran siji lan sijiné kanti jiwå sumadulúr.
᭜ ᭚ () ᭧
᭙ ᭜ ( ) ᨾ
BAB : 2
Sabên uwóng darbé hak tumrap hak lan kêbébasan kêbébasan kang tinulís íng Pranyatan Umúm iki tanpå pilíh kasíh, kabèh waråtå lan adíl íng samubarang, kayåtå: bédå bédaníng ras, warnaníng awak (walulang), bédå bédaníng lanang lan wadón, båså, agåmå, politik lan panêmu liyané, asal usúl suku bångså lan bêbrayan, hak darbé, tåtålaír lan kalungguhan liyané. Sakbanjuré, ora bakal ånå prabédané tumrap kalungguhan politik, anggêr anggêr (undang undang) utåwå kalungguhan intêrnasional såkå nêgårå utåwå laladan asal usulíng sawijiníng uwóng, sanadyan såkå nêgårå mardikå, laladan laladan íng panguwasaníng wali, jajahan utåwå kang winêngku íng kawasaníng liyan.
ᨾ ᨾ ᭙ ()
BAB : 3
Sabên uwóng nduwèni hak ingatasíng uripé, bébasíng uripé lan kaslamêtané minångkå pribadi (individu).
BAB : 4
Ora kênå sawijiníng uwóng didadèkaké budak utåwå batúr, maujudíng budak lan batúr tukón kanti ujúd åpå waé dadi larangan.
᭦ ᭜
BAB : 5
Ora kênå sawijiníng uwóng disiya siya íng siksa, utåwå nandang tindak kêjêm, dipatrapi utåwå nåmpå pidånå kang ora kåyå lumrahíng umat manungså utåwå siningkúr karèmèhaké.
᭜ ᭓ ( ) ᭙
BAB : 6
Sabên uwóng darbé hak tumrap pasêksi íng sajroníng anggêr anggêr (undang undang) minångkå umat manungså sacårå pribadi íng êndi waé papan dunungé.
(᭴) () ᭚ () ᭴
BAB : 7
Ngadêpi hukúm, kabèh duwé hak pådå lan darbé hak olèh pêngayóman anggêr anggêr síng pådå, tanpå dibédak bédakaké. Kabèh duwé hak ingayóman síng pååå marang tumindak mbédak mbédakaké (diskriminasi) kang ora cundúk (cocok) karo Pranyatan iki, lan marang sawêrnaníng pamilút (ngojok ojoki) síng tumuju marang tumindak diskriminasi kasêbút.
ᨾ ᭦ᨾ ᭜ ( ) ᭠
BAB : 8
Sabên uwóng nduwèni hak kapulíhaké kanti trêp såkå sêsambungané kapatrapan pêngadilan nasional tumrap tindak tanduk kang nalisír såkå hak hak baku kang déníng anggêr anggêr (undang undang) kapasrahaké dadi haké.
BAB : 9
Ora ånåsiji waé uwóng kang kênå ditangkêp, ditahan utåwå kasingkíraké kanti sawênang wênang.
᭗ ᨾ ᭜ ᨾ ᭓
BAB : 10
Sabên uwóng, kanti nduwèni drajad pådå íng satêmêné, darbé hak tumrap pangadilan kang adíl lan tinarbukå déníng pangadilan kanti bébas lan ora bot síh, íng babagan nêtêpaké hak lan kuwajiban kuwajiban sartå íng sajroníng nampa sabên ancaman pidånå kang ditêtêpaké marang sabên uwóng.
ᨿ ᨾ ᨾ ᨾ
ᩌ ᩊ ᨾ ᭙ ᨾ
BAB : 11
- Sabên uwóng kang dinakwå amargå dianggêp nindakaké laku nalisír såkå undang undang, dianggêp durúng nyandang kaluputan sadurungé undang undang mbuktèkaké kaluputané íng pangadilan kang tinarbukå, íng bab iki sabên uwóng olèh jaminan kang dipêrlókaké kanggo mbélani haké.
- Ora ånå uwóng siji waé kang kênå dianggêp lupút nindakaké nglanggar undang undang utåwå tlédor, kang ora mujudaké tindak nalisír såkå undang undang nasional utawå intêrnasional, íng titi mångså tumindak mau linakónan. Ugå ora prayogå nêmtokaké paukuman kang luwíh abód katimbang paukuman kang katêtêpaké nalikå tindak nglanggar undang undang iku linakónan.
ᨾ ᭰ ᨾ ᩊ
BAB : 12
Ora ånå uwóng siji waé kang kênå dirégóni hak pribadiné, kulowargané, balé wismané utåwå sêsambungané nampå lan ngirim layang kanti sawênang wênang; ugå marang hak pakúrmatan lan ajiníng diri. Sabên uwóng ndarbèni hak kaayóman déníng undang undang awit såkå anané gangguan utawå tindak nalisír mangkono iku.
᭜ ᭓ ᨾ
ᩊ
BAB : 13
- Sabên uwóng darbé hak tumrap bébasíng tumindak utåwå ora nindakaké åpå åpå íng sajroníng laladan wêwêngkóníng nêgårå.
- Sabên uwóng darbé hak ninggalaké sadéngah nêgårå, kalêbu nêgarané déwé, lan darbé hak bali manèh mênyang nêgarané.
ᨾ
᭦ ᨾ
BAB : 14
- Sabên uwóng darbé hak ngupåyå pangayóman marang nêgårå liyå kanggo
pangayóman amargå anggóné dadi burón.
- Hak kasêbút ora kênå kaêtrapaké manåwå anggóné dadi burón iku nyåtå kang dadi sababé awít tumindak kadúrsilan kang ora gêgandèngan karo politik, utåwå karånå tumindak kang nalisír karo tujuan síng baku såkå Pêrsêrikatan Bångså Bångså.
ᨾ ᨾ
BAB : 15
- Sabên uwóng darbé hak dadi wargå nêgårå.
- Ora ånå uwóng siji waé kang kanti tanpå landêsan tatanan banjúr kabatalaké anggóné dadi wargå nêgårå utåwå ditampik haké kanggo salin dadi wargå nêgårå liyå.
᭙ ᨾ ᨾ ᨾ ᭓ ᩂ /
ᨾ
᭧ / ᨾ ᭧ () ᨾ
BAB : 16
- Priyå lan wanitå kang wus diwåså kanti tanpå mawas bångså, wargå nêgårå utåwå agåmå, darbé hak nglakóni ningkah lan mbangun kulåwargå. Kabèh nduwèni hak kang pådå íng babakan nêningkahan, íng sajroníng alam ningkah lan íng alam pêpisahan/pêgatan.
- Nêningkahan amúng biså dilêksanani adêdasar pilihan bébas lan têmên têmên dadi pasarujukané pêngantèn sakêlórón.
- Brayat/kulåwargå iku sawijiníng têtunggalan kang alamiyah lan baku íng masyarakat lan anduwèni hak pangayoman såkå bêbrayan (masyarakat) lan nagårå.
ᨾ ᭙ ᨾ
BAB : 17
- Sabên uwóng duwé hak andarbèni båndå, kanti pribadi utåwå bêbarêngan karo uwóng liyané.
- Ora ånå uwóng siji waé kênå dirampas bandané kanti sawênang wênang.
ᨾ ᨾ ᨾ ᭙ ( ) ᭙
BAB : 18
Sabên uwóng darbé hak bébas duwé panêmu, kalbu lan agåmå. íng babakan iki kalêbu hak bébas ganti agåmå lan kapitayan, lan hak bébas kanggo anêksèni agamané utåwå kapitayané, kanti cårå anggêlar piwulang, nglakóni, laku ibadah lan sêtya tuhu ngugêmi kapêrcayané, kanti cårå pribadi utåwå bêbarêngan karo uwóng liyané, íng ngêdêngan (ngarêpíng umúm) utåwå pribadi.
᭐ ᨾ / ᭜
BAB : 19
Sabên uwóng darbé hak ingatasé hak bébas mratèlakaké panêmuné, kalêbu duwé hak bébas darbé panêmu tanpå dirégóni/diganggu, lan kanggo ngupåyå, nåmpå sartå mratélakaké informasi lan pamikiran pênêmuné lumantar média åpå waé kanti tanpå mawas watêsíng wêwêngkón laladan.
ᨾ ᨾ
/
BAB : 20
- Sabên uwóng nduwèni hak ingatasé hak bébas ngumpúl lan gawé paguyuban tanpå anané rudåpêksan.
- Ora ånå uwóng siji waé kang kénå dipêkså lumêbu íng sawijiníng pakumpulan / paguyuban.
ᨾ ᨾ
/
ᨾ ᭗ ᭙ ᨾ
BAB : 21
- Sabên uwóng nduwèni hak cawé cawé íng kapêrluwané pamarintah nagarané, kanti langsúng utåwå lumantar wakíl wakíl kang pinilíh kanti bébas.
- Sabên uwóng darbé hak kang pådå kanti kalodangan kang pådå biså kawisudå tampå kalungguhan/jawatan pamarintah íng nêgarané.
- Gêgayuhaníng rakyat kudu dadi lambaran baku wêwênangé pamarintah, gêgayuhan iki kudu kawujudaké kanti cårå anané pamilihan umúm kang dianakaké íng wêktu kang tinamtu lan múrni kanti hak pilíh kang umúm lan sadrajat, kanti pungút swårå sacårå wadi utåwå kanti pranatan liyå anggêr biså nanggúng hak bébas anggóné milíh.
᭧ ( ) ᭜ ᭙ ᭦ ᭙ᨾ
BAB : 22
Sabên uwóng, minångkå warganíng bêbrayan (masyarakat) anduwèni hak ingatasé jaminan sosial, sartå darbé hak amríh kalêksanané hak hak ékonomi, sosial lan budåyå síng dadi kapêrluwan martabaté sartå mêkaríng pribadiné kanti bébas, lumantar rékådåyå nasional utåwå karyå pamitran intêrnasional, cóndóng marang tåtå pranatané lan sumbêr dayaníng Nagårå.
ᨾ ᦿ ᨾ ᨾ /
( ) ᭜
ᨾ ᨾ ᩊ / / ᭙ ᨾ
ᨾ ᨾ
BAB : 23
- Sabên uwóng anduwèni hak pagawéyan, hak bébas milíh pagawéyan, darbé hak anané syarat syarat nyambútgawé kanti adíl lan nguwohaké kauntungan sartå nduwèni hak ingayoman íng kahanané nalikå ora nyambút gawé / nganggúr.
- Sabên uwóng kanti ora kabédak bédakaké, darbé hak ingatasé pituwas (opah, asil) kang pådå tumrap pagawéyan kang pådå.
- Sabên uwóng kang nglakóni pagawéyan nduwèni hak nåmpå opah / asíl kang adíl lan nguntúngaké/bati, kang nanggúng bisané dadi panguripan kang múrwat kanggo diri pribadi lan ugå marang kaluwargané, lan manåwå ånå wigatiné katambah íng lindungan kapêrluwan sosial liyané.
- Sabên uwóng darbé hak nggåwå lan nglêbóni paguyuban paguyuban pêgawé kanggo ngayómi kapêrluwané.
᭙ ᨿ /
BAB : 24
Sabên uwóng nduwé hak ngaso lan libúr, kêlêbu pranataníng wanci nyambút gawé kang múrwat lan dinå libúr kang pantês kanti wêwatón tumåtå, lan têtêp nåmpå opah/ pituwasíng karyå.
ᨾ ᨾ ᨾ ᨾᨾ ᨾ ᭤ ᨾ
() ( ) ᭓ ᨾ ᨾ ᨾᨾ
BAB : 25
- Sabên uwóng nduwèni hak bisané uríp kanti múrwat, kanggo kasarasan lan katêntrêmané dalasan kulawargané, tan kèri íng bab hak pangan, sandang, papan lan pangopèníng kasarasan sartå kapêrluwan sosial síng dadi kabutuhan lan hak olèh tanggungan jaminan nalikå ngalami nganggúr, nandang lårå, cacat, dadi waråndå, nyandak umúr tuwå, utåwå kahanan liyané kang njalari kacingkrangan, kang nyåtå ngluwihi dåyå kêkuwatané.
- Pårå biyúng (ibu) lan bocah bocah darbé hak olèh pangopèn lan bantuan istiméwa (mirunggan). Kabèh bocah, kang lair íng sajroníng tatanan ningkah utåwå sanjabaníng tatanan ningkah kudu antuk pangayoman sosial kang pådå.
᭥ ᭜ / () ᭙
᭜ ᭰ ᨾ ᭦ ᭧ ᭓ ᭦ᦱ /
᭓
BAB : 26
- Sabên uwóng darbé hak olèh panggulowêntah íng pawiyatan kanti gratis, saora orané tumrap sêkolah/pawiyatan dasar. Pawiyatan dasar kawajibaké. Sêkolah (pawiyatan) tèhnik lan jurusan umúm kanggo sabên uwóng kanti tinarbukå, sabên uwóng biså lumbu íng pawiyatan luhúr kanti pranatan kang pååå salaras karo múrwat lan pantêsé.
- Panggulowêntah kudu kaênêraké amríh sabên pribadi biså mêkar kanti ombèr, biså ndayani såyå kandêlé råså biså ngajóni lan ngúrmati hak hak asasi umat manungså lan kêbébasan kêbébasan kang baku. Panggulowêntah íng pawiyatan kudu biså nênangi lan mêkaraké råså têpa salirå karo pêpadané, mêkaríng pamitran, pasêduluran íng antarané bångså bångså, bêbrayan, ras apadéné agåmå, sartå njalari kudu såyå majuníng Pêrsêrikatan Bångså Bångså sajroníng mêmêtri lan nyíptå bêdamèn / pirukún.
- Pårå wóng tuwå, darbé hak utåma sajroníng milíh pawiyatan papan panggulowêntah kanggo anak anaké.
᭼ ᭙ ᭧ ᭑ ᮖ
ᨾ ᭙ ᮖ ᭵ /
BAB : 27
- Sabên uwóng duwé hak ngrasuk lan ambyúr íng kiprahíng kabudayan íng sadinå dinané íng bêbrayan, ngrêsêpi sêni, lan biså ngrasakaké ngalami majuníng uríp lan paédahíng kawrúh.
- Sabên uwóng duwé hak antuk pangayóman anggóné kiprah lan makaryå íng babagan ngèlmu lan kawrúh kang arupå pangayoman marang kauntungan síng awujúd moril utåwå matêriil, ugå íng kasusastran utåwå sêni kang ciniptå / asil karyané.
᭙ ᩏ ᭚
BAB : 28
Sabên uwóng darbé hak ingatasé pranatan sosial nasional lan intêrnasional, salaras karo hak hak lan kabébasan kabébasan kang kamót íng Pranyatan iki bisa kanti têmên maujúd.
ᨾ ᭧ / ᭙
᭓ ᨾ ᭙ ( ) ᭜ ᨾ ᭧ / ᭤
ᨾ ᨾ
BAB : 29
- Sabên uwóng nduwèni kuwajiban marang bêbrayan/masyarakat, kang sanyatané ora ånå papan liyå kang biså dadi papan mêkaríng kapribadèn kanti bébas sartå têmên tumêmên.
- Sajroníng nglêksanani hak hak lan kabébasan kabébasané, sabên uwóng kudu mbangún miturút marang pranatan kang salaras karo undang undang (anggêr anggêr), kang isi ancas lan tujuwan síng ora ånå liyå kajåbå múng amríh gumólóngíng niyat ngugêmi lan ngúrmati kanti trêp marang hak hak lan kabébasan kabébasan uwóng liyané, kanggo mujúdaké syarat syarat kang adíl íng bab kasusilan, têrtib tumåtå lan katêntrêmaníng umúm, íng bêbrayan / masyarakat kang démokratis.
- Hak hak lan kabébasan kabébasan kasêbút, kanti alêsan lan pawadan åpå waé, ora kênå dilaksanani nalisír karo ancas lan tujuwan sartå wêwatón wêwatóníng Pêrsêrikatan Bångså Bångså.
᭓ ᭚ ᭙ ᨾ ᭐ ᭓ ᭚
BAB : 30
Ora ånå siji waé isi sajroníng Pranyatan iki kênå katapsír mènèhi kalodangan marang sawijiníng Nagårå, paguyuban utåwå pribadi, kang awujúd hak supayå olèh utåwå muríh haké antúk pakaryan åpå waé, utawa nglakóni tumindak kanti tujuwan ngrusak hak hak lan kabébasan kabébasan wujúd åpå waé kang kapacak íng sajroníng Pranyatan iki.
©The Office of the High Commissioner for Human Rights OHCHR-UNOG 8-14 Avenue de la Paix 1211 Geneva 10, Switzerland +41 22 917-9000
This e-mail address is being protected from spambots. You need JavaScript enabled to view it
|
ᮟ |