Buku Tamu Adjisaka
Kaca Ngajeng Buku Tamu

Pasinaon Carakan

Pedoman Carakan 1996

Penanggalan Jawa


5
September 2010
Minggu Legi
26 Poso 1943 Dal
26 Ramadhan 1431
Wuku : Kulawu
 

 

 ᩆ        

Pårå sutrêsnå, kula ngatúrakên gúngíng panuwún,
bilíh panjênêngan kêrså ngisi Buku Tamu.




Asma Panjenengan: ( Kedah dipun isi )
E-mail: ( Saged dipun serat utawi mboten )
Nyerat / Ngisi Buku Tamu:
Kode menika kedah dipun serat: Captcha Image Reload Image
   
 

Sardjito

Mongkoking manah kulo dene taksih pinanggih Penjenengan ingkang mbabar Jawi saindenging Jagad. Nadyan taksih kathah priyagung Jawi ingkang dereng gumregah angleluri, yasan panjenengan punika dados coloking jagad kangge magertosi bilih Jawi punika Oboring Jagad. Titip atur kagem Bapak Hadi Wiratama saha Bapak Bagiono ingkang tansah nyengkuyung saha ngudi "BECIK SEJATINING BECIK".


Kidemang :

Matur nuwun Pak Sardjito, sampun sawatawis mboten pinanggih mugi rahayu, seger waras, sagung dumadi, waah saestu kathah bahan dudutan lan sumber informasi ingkang kula pendhet saking kapustakan panjenengan, nuwun.

Senen, 25 Januari 2010

Solichin Daniel

Sugeng dalu Ki Demang,

Kula remen sanget, awit punika ingkang kula padosi. Kula saget maos lan nyerat kanthi Aksara Hanacaraka sanajan mboten lancar. Kula kepengen nyerat wonten ing buku tamu punika ngginakaken aksara Jawi nanging komputer kula namung saget nyerat aksara latin.

Salam taklim

Solichin Daniel


Kidemang :

Matur nuwun Mas Solichin Daniel,
Sawatawis pancen dereng saged nyerat Carakan amargi taksih perlu program bantu (software) ingkang taksih perlu kasampurnaaken, lan nengga wekdal badhe dipun gelar acara "Launching / Kepyakan" Carakan sampun resmi kadaftar ing Unicode Consortium, nuwun.

Selasa, 12 Januari 2010

Michelia Rahmawati P

Matur nuwun Ki Demang sampun kersa nglestantunaken kabudayan saha kasusastran Jawi ingkang adiluhung supados mboten kasilep jaman globalisasi punika.

Kula minangka generasi mudha kepengin sanget tumut nguri uri sanadyan taksik nyamut2 pangertosan kula bab Basa Jawi

 


Kidemang :
Matur nuwun Mbak Michelia Rahmawati P, leres pamrayogi panjenengan, AAWK (Alon alon waton kelakon), nuwun

 

Setu, 09 Januari 2010

Zaini

Alhamdulillah, Tegesipun Aksara Jawa punika sampun di akui kaliyan Dunia. Mugi-mugi inggih Katrima lan kathah ingkang bakal ngangge menopo maneh tiyang jawi piyambak. Sukur2 tiyang sanesipun.

Kulo kirang ngilmu babakan jawa, nanging kulo inggih tiyang jawa...Cry

Kangge Rencang lan Adjisaka.com, monggo sareng nyaggah Kabudayan Jawi ingkang Adi Luhung.

Nuwun


Kidemang :

Matur nuwun Mas Zaini, salam saking Kidemang.

Kemis, 07 Januari 2010

yu senik

sae ki demang.....

mugi mugi anggenipun nyerat mawi carakan saged lumintu lan lestari....


Kidemang :

Matur nuwun Yu Senik, nyuwun pangapunten, panjenengan tamu nomor 1, ning telat mbalesi, lha wong sedayanipun taksih "uji coba" taksih kathah ingkang badhe kula serat ing situs menika, nuwun - salam saking Indonesia.

Senen, 09 Nopember 2009

 

Tampilan